tumetesing udan ngelingake kang kayungyun
ilang kaliwatan mangsa sinisihan waspa
lawasing tresna ing renaning penggalih
kadya surup surem cahyaning surya
duh kencananing manah sigaraning jiwangga
bebasan mulaking kawah semeru mengangah
wis titi wayahing kapang pecahing dada
lumubering ludira ing pengarep-arep tekamu
jenang gula mlayu neng ngendi ukaramu
gula jawa katutup kumelun memanising esemmu.(kra)
ngalam, 07012012